2 Samuel 20:11-17 JAV

11 Lan ana sawijining balane Sang Yoab ngadeg sacedhake mayit iku sarta ngucap: “Sapa kang rumaket marang Sang Yoab lan milih Sang Prabu Dawud, enggal nututana Sang Yoab.”

12 Ing wektu iku Sang Amasa gumlethak akuthah getih ana ing tengah dalan gedhe. Bareng wong iku weruh, yen sakehing wong padha nonton, mayite Amasa banjur disingkirake saka ing dalan gedhe menyang ing ara-ara, dilurubi jubah, amarga weruh, yen saben wong kang teka mrono padha mandheg nonton.

13 Sawuse mayite disingkirake saka ing dalan gedhe, wong kabeh padha mlaku terus ngetutake Sang Yoab ngoyak-oyak Seba bin Bikri.

14 Seba wus ngliwati dhaerahe sakehe taler Israel ngener menyang Abel-Bet-Maakha. Lan kabeh balane wong Bikri wus nglumpuk lan ngetutake dheweke.

15 Nanging balane Sang Yoab wus tekan ing kono lan banjur ngepung dheweke ana ing Abel-Bet-Maakha, nuli padha ngundhug-undhug lemah kanggo tameng ing ngarepe kutha, nganti mepet tekan ing balowarti njaba, dene sakehe wong kang ndherek Sang Yoab padha njugangi balowartine kutha iku murih jugruge.

16 Banjur ana sawijining wong wadon saka ing kutha kono kang limpad ing budi, kang nguwuh-uwuh: “Ngrungokna ta! Ngrungokna ta! Matura marang Sang Yoab: Kula aturi nyelak mriki, supados kula saged matur dhateng panjenengan.”

17 Sang Yoab nuli nyedhaki wong wadon mau. Wong wadon mau banjur matur pitakon: “Punapa panjenengan Sang Yoab?” Wangsulane: “Iya aku iki Yoab.” Wong wadon mau banjur matur: “Mugi miyarsakna aturipun ingkang abdi.” Wangsulane: “Iya.”