2 Samuel 20:15-21 JAV

15 Nanging balane Sang Yoab wus tekan ing kono lan banjur ngepung dheweke ana ing Abel-Bet-Maakha, nuli padha ngundhug-undhug lemah kanggo tameng ing ngarepe kutha, nganti mepet tekan ing balowarti njaba, dene sakehe wong kang ndherek Sang Yoab padha njugangi balowartine kutha iku murih jugruge.

16 Banjur ana sawijining wong wadon saka ing kutha kono kang limpad ing budi, kang nguwuh-uwuh: “Ngrungokna ta! Ngrungokna ta! Matura marang Sang Yoab: Kula aturi nyelak mriki, supados kula saged matur dhateng panjenengan.”

17 Sang Yoab nuli nyedhaki wong wadon mau. Wong wadon mau banjur matur pitakon: “Punapa panjenengan Sang Yoab?” Wangsulane: “Iya aku iki Yoab.” Wong wadon mau banjur matur: “Mugi miyarsakna aturipun ingkang abdi.” Wangsulane: “Iya.”

18 Wong wadon iku nuli matur: “Kala rumiyin kalimrah tiyang wicanten makaten: Becike wong neneges ana ing Abel lan ing Dhan: punapa punika sampun kasuwak punapa ingkang sampun katetepaken dening tiyang-tiyang ingkang setya ing Israel?

19 Nanging panjenengan punika kok badhe ngrisak satunggaling kitha, mangka punika kitha babon ing Israel. Kenging punapa panjenengan kok badhe ngrisak tanah pusakanipun Sang Yehuwah?”

20 Sang Yoab banjur mangsuli: “Muga aku kaedohna saka ing pangarah ngrebut lan ngrusak!

21 Nalare ora mangkono. Nanging ana sawijining wong kang aran Seba bin Bikri kang wus ngangkat tangane mbalela marang Sang Prabu Dawud. Ulungna wong siji iku marang tanganku, aku bakal mundur saka ing kutha kene.” Wong wadon mau banjur matur marang Sang Yoab: “Prayogi, sirahipun badhe kula uncalaken wonten ing ngarsa panjenengan saking ing sawingkinging balowarti punika.”