2 Samuel 20:16-22 JAV

16 Banjur ana sawijining wong wadon saka ing kutha kono kang limpad ing budi, kang nguwuh-uwuh: “Ngrungokna ta! Ngrungokna ta! Matura marang Sang Yoab: Kula aturi nyelak mriki, supados kula saged matur dhateng panjenengan.”

17 Sang Yoab nuli nyedhaki wong wadon mau. Wong wadon mau banjur matur pitakon: “Punapa panjenengan Sang Yoab?” Wangsulane: “Iya aku iki Yoab.” Wong wadon mau banjur matur: “Mugi miyarsakna aturipun ingkang abdi.” Wangsulane: “Iya.”

18 Wong wadon iku nuli matur: “Kala rumiyin kalimrah tiyang wicanten makaten: Becike wong neneges ana ing Abel lan ing Dhan: punapa punika sampun kasuwak punapa ingkang sampun katetepaken dening tiyang-tiyang ingkang setya ing Israel?

19 Nanging panjenengan punika kok badhe ngrisak satunggaling kitha, mangka punika kitha babon ing Israel. Kenging punapa panjenengan kok badhe ngrisak tanah pusakanipun Sang Yehuwah?”

20 Sang Yoab banjur mangsuli: “Muga aku kaedohna saka ing pangarah ngrebut lan ngrusak!

21 Nalare ora mangkono. Nanging ana sawijining wong kang aran Seba bin Bikri kang wus ngangkat tangane mbalela marang Sang Prabu Dawud. Ulungna wong siji iku marang tanganku, aku bakal mundur saka ing kutha kene.” Wong wadon mau banjur matur marang Sang Yoab: “Prayogi, sirahipun badhe kula uncalaken wonten ing ngarsa panjenengan saking ing sawingkinging balowarti punika.”

22 Wong wadon iku banjur mlebu rembugan karo wong sakutha kabeh kanthi kawicaksanan. Sawuse iku wong ing kutha kono banjur padha nigas sirahe Seba bin Bikri lan diuncalake marang Sang Yoab. Sang Yoab banjur ngungelake kalasangka, sabalane kabeh padha bubar ninggal kutha iku, mulih menyang padunungane sowang-sowangan. Sang Yoab banjur bali menyang Yerusalem seba marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud.