4 Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Amasa: “Para wong Yehuda kerigna sajrone telung dina, sawise sowana mrene maneh!”
5 Sang Amasa banjur mangkat ngumpulake wong Yehuda, nanging kuwajibane diendhe-endhe nganti kliwat wektune kang katemtokake dening Sang Prabu.
6 Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”
7 Sang Yoab, wong Kreti, wong Pleti lan sakehe para prawira padha budhal nututi. Padha metu Yerusalem nedya ngoyak Seba bin Bikri.
8 Bareng tekan ing sacedhake watu gedhe ing Gibeon, Sang Amasa wus ndhisiki ana ing kono. Dene Sang Yoab asikep praboting perang sarta sabukan, kalawan nyengkelit pedhang ing bangkekane. Nalika jumangkah maju, pedhange konus lan runtuh.
9 Sang Yoab ngandika marang Sang Amasa: “Sampeyan wilujeng, sadherek!” sarta nyekel janggute klawan tangane tengen jenggote Sang Amasa arep ngaras.
10 Sang Amasa ora nglegewa mungguh pedhange kang ana astane Sang Yoab, Sang Yoab nyudukake pedhang iku ing padharane, temah jerohane wutah ing bumi. Anggone nyuduk ora susah mindho, amarga wis tumeka ing pati. Sang Yoab karo Sang Abisai sadhereke terus ngoyak Seba bin Bikri.