2 Samuel 21:1-6 JAV

1 Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”

2 Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: -- wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumundak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. --

3 Sang Prabu nuli ndangu marang wong-wong Gibeon iku: “Apa kang bisa suntindakake tumrap sira lan apa kang minangka tebusane, supaya sira banjur mberkahi marang umat kagungane Sang Yehuwah?”

4 Wong Gibeon nuli padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Prakawis kawula punika boten bab emas utawi selaka kaliyan Sang Prabu Saul saha kulawarganipun punika, saha ugi sanes bab mejahi salah satunggalipun tiyang Israel.” Nanging pangandikane Sang Prabu Dawud: “Lah apa kang sira suwun supaya suntindakake tumrap sira?”

5 Sawuse iku wong mau padha matur marang Sang Prabu: “Tiyang ingkang sumedya sami ngrisak kawula saha ngarah tumpes kawula, ngantos kawula sami boten angsal papan wonten ing pundi-pundi wonten ing tanah Israel,

6 mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”