2 Samuel 21:3-9 JAV

3 Sang Prabu nuli ndangu marang wong-wong Gibeon iku: “Apa kang bisa suntindakake tumrap sira lan apa kang minangka tebusane, supaya sira banjur mberkahi marang umat kagungane Sang Yehuwah?”

4 Wong Gibeon nuli padha matur marang Sang Prabu Dawud: “Prakawis kawula punika boten bab emas utawi selaka kaliyan Sang Prabu Saul saha kulawarganipun punika, saha ugi sanes bab mejahi salah satunggalipun tiyang Israel.” Nanging pangandikane Sang Prabu Dawud: “Lah apa kang sira suwun supaya suntindakake tumrap sira?”

5 Sawuse iku wong mau padha matur marang Sang Prabu: “Tiyang ingkang sumedya sami ngrisak kawula saha ngarah tumpes kawula, ngantos kawula sami boten angsal papan wonten ing pundi-pundi wonten ing tanah Israel,

6 mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”

7 Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.

8 Sang Prabu banjur mundhut wong lanang loro, anake Rispa, anake wadon Aya, kang patutan karo Prabu Saul, yaiku Armoni lan Mefiboset, sarta wong lima putrane kakung Sang Putri Merab, putrane putri Sang Prabu Saul, kang patutan karo Adriel bin Barzilai, wong ing Mehola;

9 banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.