5 Anake Rimon, wong Beerot mau, yaiku Rekhab lan Baana padha lunga, nuli teka ing daleme Prabu Isyboset, nalika pinuju panas sumelet; Prabu Isyboset lagi sare ing wayah awan.
6 Kapinujon wong kang jaga kori dalem iku ngantuk, lan keturon, nalika lagi nginteri gandum.
7 Wong loro iku padha mlebu ing dalem, Prabu Isyboset pinuju sare ana ing kamar pasareyane, nuli disedani lan ditigas mastakane. Mastakane digawa ing bengi iku, ngliwati dalan kang saka ing Araba-Yarden.
8 Mastakane Prabu Isyboset mau digawa sowan marang ing ngarsane Prabu Dawud ana ing Hebron sarta matur marang Sang Prabu: “Lah punika mastakanipun Prabu Isyboset, putranipun Sang Prabu Saul, mengsah panjenengan dalem ingkang sumedya nyedani panjenengan dalem; ing dinten punika Sang Yehuwah sampun nglilani panjenengan dalem, gusti kawula, nandukaken piwales dhateng Sang Prabu Saul lan tedhak turunipun.”
9 Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Rekhab lan Baana, anak-anake Rimon, wong ing Beerot, dhawuhe: “Demi asmane Sang Yehuwah kang agesang, kang wis ngluwari nyawaningsun saka sakehing karubedan!
10 Nalika ana wong kang nggawa pawarta mangkene: Sang Prabu Saul sampun seda! lan nganggep dheweke kayadene wong kang nglantarake kabar becik, ingsun banjur nyepeng lan mateni wong iku ana ing Ziklag, lan kaya mangkono anggoningsun paring pituwas tumrap pawartane,
11 mendahane maneh saiki sawuse wong paracidra mateni wong kang bener ana ing omahe ing paturone; apa ingsun ora mundhut pulih getihe saka sira, lan nyirnakake sira saka ing bumi?”