3 Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.
4 Sang Prabu Dawud yuswane telung puluh taun, nalika jumeneng ratu: patang puluh taun lawase anggone ngasta paprentahan.
5 Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.
6 Sang Prabu Dawud kadherekake para wadyabalane nglurug menyang Yerusalem, nempuh wong Yebus, kang ngenggoni nagara kono. Wong iku padha nguwuh marang Prabu Dawud: “Kowe mangsa bisaa mrene, wong wuta lan wong pincang bakal mbalekake kowe.” Karepe wong iku: Sang Prabu Dawud ora bakal bisa mlebet mrono.
7 Nanging Sang Prabu Dawud bisa ngrebat kuthaning beteng Sion, yaiku kuthane Sang Prabu Dawud.
8 Sang Prabu Dawud nalika samana wus ngandika: “Sapa kang arep nelukake wong Yebus kudu mlebu ngliwati ilen-ilen iki; Prabu Dawud gething banget marang wong wuta lan wong pincang.” Mulane ana bebasan: “Para wong wuta lan wong pincang ora kena mlebu ing omah.”
9 Lan Sang Prabu Dawud banjur ngadhaton ana ing beteng kono, kang banjur kaparingan jeneng: Kuthane Sang Prabu Dawud. Panjenengane nyantosani kutha iku ing saubenge wiwit saka Milo manjero.