3 Pethine Allah kaemotake ing kreta anyar, sawuse kausung saka ing omahe Abinadab, kang ana ing pagunungan. Uza lan Ahyo, anake Abinadab padha ngiringake kareta iku.
4 Uza lumaku ana ing ngiringane pethining Allah lan Ahyo ana ing ngarepe.
5 Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel padha jejogedan sakatoge ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, binarung swaraning kekidungan, clempung, slukat, terbang klinthingan lan kecer.
6 Bareng tekan ing panutone Nakhon, Uza kumranggeh tangane marang pethine Allah iku, lan banjur nyekel, amarga sapine keplesed.
7 Bebendune Yehuwah mungkat marang Uza, Gusti Allah banjur nggebag wong iku, amarga sembranane. Uza mati ngenggon ana ing sandhinge pethine Gusti Allah mau.
8 Sang Prabu Dawud dadine duka banget, amarga Sang Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang ngebat-ebati banget: panggonan iku banjur katelah karan Peres-Uza nganti saprene.
9 Ing nalika samana Sang Prabu Dawud banjur ajrih marang Sang Yehuwah, pangandikane: “Kapriye bisane pethine Sang Yehuwah tumeka ing ngarepku.”