5 Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel padha jejogedan sakatoge ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, binarung swaraning kekidungan, clempung, slukat, terbang klinthingan lan kecer.
6 Bareng tekan ing panutone Nakhon, Uza kumranggeh tangane marang pethine Allah iku, lan banjur nyekel, amarga sapine keplesed.
7 Bebendune Yehuwah mungkat marang Uza, Gusti Allah banjur nggebag wong iku, amarga sembranane. Uza mati ngenggon ana ing sandhinge pethine Gusti Allah mau.
8 Sang Prabu Dawud dadine duka banget, amarga Sang Yehuwah nggebag Uza kanthi patrap kang ngebat-ebati banget: panggonan iku banjur katelah karan Peres-Uza nganti saprene.
9 Ing nalika samana Sang Prabu Dawud banjur ajrih marang Sang Yehuwah, pangandikane: “Kapriye bisane pethine Sang Yehuwah tumeka ing ngarepku.”
10 Mulane Sang Prabu ora karsa mindhah pethine Sang Yehuwah menyang ing panggonane menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging Sang Prabu Dawud dhawuh ngenggokake menyang ing omahe Obed-Edom, wong ing Gat.
11 Pethine Gusti Allah iku ana ing omahe Obed-Edom, wong ing Gat mau telung sasi lawase, lan Sang Yehuwah mberkahi Obed-Edom lan sakukubane.