2 Samuel 7:18-24 JAV

18 Sang Prabu Dawud banjur lumebet, tumuli sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah sarta munjuk: “Kawula punika sinten, dhuh Pangeran Yehuwah, lan kulawarga kawula punika sinten, dene Paduka ndadosaken kawula ngantos kados makaten punika.

19 Dhuh Pangeran Yehuwah, prakawis punika taksih kirang wonten ing tingal Paduka, milanipun Paduka sampun ngandika ugi bab kulawarganipun ingkang abdi ing wekdal ingkang taksih dangu saha paring sumerep dhateng kawula manungsa-manungsa ingkang badhe dhateng, dhuh Pangeran Yehuwah.

20 Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?

21 Margi saking pangandika Paduka saha miturut panggalih Paduka, Paduka sampun nindakaken sadaya prakawis ingkang ageng punika saha Paduka sumerepaken dhateng ingkang abdi punika.

22 Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.

23 Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?

24 Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.