1 Nalika taun kapisan jumenenge Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, supaya katetepana pangandika kang kalairake dening Nabi Yeremia, Sang Yehuwah ngosikake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau, temahan panjenengane nuli ngundhangake ing saindenging karajane Prabu Koresy kalawan lesan lan katulis:
2 “Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.
3 Sapa wong panunggalanira kang kagolong umate, iku ditunggalake dening Allahe! Iku mangkata mulih menyang ing Yerusalem kang ana ing tanah Yehuda, lan yasaa padalemane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, yaiku Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.
4 Dene sapa-sapaa kang isih kari, ana ing ngendi-endia bae anggone neneka, iku dibiyantonana dening wong kang manggon tunggal sapanggonan selaka lan emas tuwin dandanan apadene kewan, karo maneh kang rupa pisungsung manasuka kanggo padalemane Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.”
5 Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem.
6 Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.
7 Sang Prabu Koresy uga dhawuh ngwedalake pirantine padalemane Sang Yehuwah kang wus dijarah dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem lan diselehake ana ing kabuyutane allahe.