1 Sawuse lelakon iku mau kabeh, nalika jumenenge Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia, Imam Ezra nuli mangkat, yaiku putrane Sang Seraya, bin Azarya bin Hilkia,
2 bin Salum, bin Zadhok,
3 bin Ahitub, bin Amarya, bin Azarya bin Merayot,
4 bin Zerahya bin Uzi bin Buki
5 bin Abisua bin Pinehas bin Eleazar bin Harun, yaiku Imam Agung Harun.
6 Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.
7 Sabanjure iya ana wong Israel sawatara golongan kang mangkat bali menyang Yerusalem lan uga para imam tuwin para wong Lewi, sarta para pasindhen, para jaga-gapura lan para abdi ing padalemane Gusti Allah; kelakone iku ing nalika taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Artahsasta.
8 Rawuhe Imam Ezra ing Yerusalem iku ing sasi kalima, yaiku ing taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Artahsasta.
9 Kabener ing sasi kapisan tanggal sapisan anggone budhal saka ing Babil, dene rawuhe ing Yerusalem ing sasi kalima tanggal sapisan, amarga ingayoman dening astane Gusti Allah kang asipat mirah.
10 Amarga wus gembleng tekade Imam Ezra anggone arep nitipriksa lan nindakake Torete Sang Yehuwah, apadene mulang bab pranatan lan sarak ana ing Israel.
11 Iki turunane layang paringe Sang Prabu Artahsasta marang Imam Ezra, imam lan ahli Kitab, kang wasis ing bab isining sakehe pepaken lan pranatane Sang Yehuwah marang Israel:
12 “Ingsun Artahsasta, ratuning para ratu, tumekaa marang Ezra, imam lan ahli Torete Gusti Allahing swarga, lan sabanjure. Ing saiki,
13 ingsun wus ngundhangake dhawuh menawa saben wong ing karajaningsun kang kagolong wong Israel lumrah utawa para imame lan para wong Lewi, menawa duwe karep arep bali menyang Yerusalem, iku kalilan mangkat mbarengi lakunira.
14 Sarehne sira iku kautus dening Sang Prabu lan para juru-pirembag pitu, supaya nitipriksa tanah Yehuda lan Yerusalem wewaton angger-anggere Allahira kang dadi gondhelanira,
15 sarta nggawaa selaka lan mas kang dadi pisungsunge manasuka saka Sang Prabu lan para juru-pirembage konjuk marang Allahe Israel kang akedhaton ana ing Yerusalem
16 apadene sakehe selaka lan mas kang bakal sira tampani saka ing satlatahe propinsi Babil kabeh, sarta pisungsung manasuka sesaosane rakyat lan para imam kang kanggo marang padalemane Allahe ing Yerusalem,
17 mulane dhuwite sira anggoa tuku kanthi setiti sapi-sapi lanang, wedhus-wedhus gembel lanang lan cempe-cempe wedhus gembel kalawan kurban dhaharan lan kurban unjuk-unjukan, nuli padha sira saosna ing misbyah padalemane Allahira kang ana ing Yerusalem.
18 Dene mungguh kekarene mas lan selaka mau, sira lan para sadulurira kepareng migunakake iku kanggo apa bae kang padha sira anggep becik tumraping pangibadah ana ing padalemaning Allahira. Iku caosna marang Gusti Allahira.
19 Ngemungna prabot-prabot bae kang dipasrahake marang sira kanggo pangibadah ana ing ngarsane Allahira ing Yerusalem.
20 Dene liyane sapira kang isih dibutuhake kanggo padalemaning Allahira, kang wragade dadi tanggunganira, iku kena sira bayar saka ing gedhong rajabrananing karajan.
21 Sawuse iku, ingsun, Sang Prabu Artahsasta wus ngundhangake dhawuh marang sakehing juru gedhong ing tlatah sabrange bengawan Efrat mangkene: Apa sapanjaluke Imam Ezra, ahli Torete Gusti Allahing swarga, kudu katindakake kanthi nastiti,
22 kena nggunakake selaka nganti kehe satus talenta, gandum nganti satus kor, anggur nganti satus bat, lenga uga satus bat, lan uyah tanpa wates.
23 Samubarang kabeh kang adhedhasar dhawuhe Gusti Allahing swarga, iku kaestokna kanthi temen-temen kanggo marang padalemane Gusti Allahing swarga, supaya aja nganti paprentahane Sang Prabu lan para putrane katiban bebendu.
24 Karo maneh sira padha Sunparingi sumurup, ora samesthine yen sakehing para imam lan wong Lewi, para pasindhen, para jagagapura lan para abdi ing padalemaning Allah, padha kudu asok pajeg, bulubekti utawa beya.
25 Mulane sira, he Ezra, miturut ing kawicaksananing Allahira, kang kokanggo pathokan, sira ngadegna panggedhe-panggedhe lan hakim-hakim, supaya padha ngakimi rakyat kabeh kang manggon ana ing sabrange bengawan Efrat, yaiku wong-wong kang padha sumurup marang angger-anggering Allahira, dene sapa kang durung sumurup iku padha sira wulanga.
26 Saben wong kang ora ngestokake angger-anggering Allahira lan angger-anggere Sang Prabu kapatrapana paukuman klawan samesthine, dadia kaukum pati, kabuwang, kadhendha utawa kakunjara.”
27 Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhur kita, kang kanthi mangkono wus karsa ngebahake panggalihe Sang Prabu, satemah panjenengane banjur damel edi endahe padalemane Sang Yehuwah kang ana ing Yerusalem,
28a lan ndadekake aku dikasihi dening Sang Prabu lan para juru pirembage sarta sakehing panggedhene Sang Prabu kang kuwasa!
28b Dene aku, sarehne kaayoman ing astane Sang Yehuwah Allahku, banjur gumregah sarta nglumpukake para panggedhe sawatara saka ing antarane wong Israel, padha dakajak bebarengan mangkat mulih.