Ezra 4 JAV

Pembangune kutha Yerusalem kandheg marga saka panglawane bangsa kang manggon ing kono

4:1-23

1 Bareng satrune wong Yehuda lan Benyamin padha krungu, yen wong kang mulih saka ing pambuwangan iku padha mbangun padaleman suci kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

2 banjur padha nemoni Sang Zerubabel lan para kepalaning kulawangsa, sarta padha matur: “Kula sami kalilana tumut mbangun kaliyan panjenengan sadaya, ujer kula inggih sami ngabekti dhumateng Gusti Allah panjenengan sami kados panjenengan, lan inggih tansah sami kula saosi kurban wiwit jamanipun Sang Prabu Ezar-Hadon, ratu ing Asyur, ingkang dhawuh mindhah kula mriki.”

3 Nanging Sang Zerubabel lan Imam Yesua tuwin para kepalaning kulawangsane Israel liyane iku padha calathu marang wong-wong mau: “Ing sarehne punika urusan kula piyambak, bab mbangun padaleman kagem Gusti Allah kula punika, mila kula piyambak ingkang badhe sami mbangun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kados ingkang sampun kadhawuhaken dhateng kula sadaya dening Sang Prabu Koresy, ratu ing nagari Persia.”

4 Ing kono bangsa kang manggon ing kono mau nuli padha gawe kendhoning krekate para wong Yehuda lan padha njalari wedi mbangun.

5 Malah nalika jamane Sang Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, nganti tumeka ing jumenenge Sang Prabu Dharius, ratu ing nagara Persia, wong-wong mau padha mbeseli para juru ngembani prakara supaya nglawan para wong Yehuda amrih wurunga ada-adane.

6 Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.

7 Lan nalika jumenenge Prabu Artahsasta, Bislam, Mitredat lan Tabeel karo para kanthine liyane banjur padha nulis layang konjuk marang Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Persia. Layange mau katulis mawa basa Aram kanthi kajarwakake:

8 “Bupati Rehum kaliyan Simsai, juru-serat, sampun sami damel serat bab Yerusalem, konjuk dhumateng Sang Prabu Artahsasta, ingkang isinipun mekaten:

9 -- Bupati Rehum kaliyan Simsai, juru-serat, sarta para prakancanipun, para hakim saha para punggawa saandhahanipun, tiyang Persia, tiyang saking Erekh, tiyang saking Babil, saha tiyang saking Susan, inggih punika tiyang Elam

10 tuwin bangsa-bangsa sanesipun, ingkang dipun pindhah dening panjenenganipun Sang Asnapar ingkang agung lan minulya, sarta kadhawuhan manggen wonten ing kitha Samaria lan ing tlatah sanesipun sakilenipun benawi Efrat.”

11 Iki turunane layang kang diunjukake marang panjenengane: “Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Artahsasta, saking kawula para abdi dalem, para tiyang ingkang wonten ing wewengkon sakilening benawi Efrat.

12 Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih tiyang Yahudi ingkang sami bidhal saking ngarsa dalem dhateng ing panggenan kawula punika sampun sami dumugi ing Yerusalem. Tiyang-tiyang wau sapunika saweg mbangun kitha ingkang tiyangipun sami duraka lan dursila punika, sami ndandosi balowartinipun sarta nyantosakaken tetalesipun.

13 Ingkang punika mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih, manawi kitha punika sampun kabangun malih sarta balowartinipun sampun rampung, tiyangipun boten badhe asok paos saha bulubekti utawi beya malih, temah damel kapitunanipun para ratu.

14 Wondene sapunika sarehning kawula sampun sami gadhah sesambetan kaliyan Sang Prabu, sarta boten saged ningali, Sang Prabu angsal panacad, pramila kawula sami kengkenan ngaturi uninga dhumateng Sang Prabu,

15 supados kawontenaken panitipriksa ing serat babadipun para leluhur dalem. Panjenengan dalem lajeng badhe manggih ing serat babad ngriku sarta badhe nguningani bilih kitha punika pancen sampun dados kitha duraka, ingkang tansah njalari pitunanipun para ratu tuwin ing dhaerah-dhaerah, punapa malih tiyang isinipun sampun wiwit kina mila tansah ngwontenaken pageger, ngantos kitha punika dados risak.

16 Kawula sami ngaturi pirsa dhumateng Sang Prabu, manawi ngantos kelampahan kitha punika kabangun malih saha balowartinipun sampun rampung, panjenengan dalem temah boten badhe kagungan jajahan malih wonten ing sakilenipun benawi Efrat.”

17 Sang Prabu banjur paring wangsulan mangkene: “Tumekaa marang bupati Rehum lan Simsai juru-tulis sarta para kanca-kanca liyane kang padha manggon ana ing Samaria lan dhaerah liyane ing sabrange bengawan Efrat. Salam!

18 Lah saiki layang paturan kang sira unjukake marang ingsun iku wus kawaca ana ing ngarsaningsun kanthi gamblang:

19 sarta ingsun iya wus paring dhawuh nitipriksa, tinemune panitipriksa mau yaiku manawa nagara iku pancen wiwit ing kuna mula mbangkang marang para ratu, sarta wong saisining nagara iku tansah tumindak duraka lan mbalela.

20 Karodene ing Yerusalem kono dhek biyen tau ana ratu-ratune kang kwasa, kang padha ngereh satlatah sabrange bengawan Efrat, sarta panjenengane iku kang padha disaosi pajeg, bulubekti lan beya.

21 Kang iku padha prentahna wong mau supaya padha lerena, aja nganti kutha iku dibangun maneh, sadurunge ingsun paring dhawuh.

22 Lan padha nggatekna temenan, supaya sira aja nganti tledhor ing bab iki. Apa ta paedahe, yen kang marakake kapitunane para ratu iku saya wuwuh akeh?”

23 Wondene bareng turunaning layange Sang Prabu Artahsasta kawacakake marang Sang Rehum, lan Simsai, juru-tulise sarta para kanca-kancane, wong iku banjur padha budhal menyang Yerusalem, nemoni para wong Yahudi sarta padha dipeksa kanthi keras supaya padha leren anggone nyambut-gawe.

Pembangunan kawiwitan maneh klawan palilahe Sang Prabu Dharius

4:24--6:12

24 Ing nalika samana pegawean pembanguning padalemane Gusti Allah ing Yerusalem mandheg sarta tetep mandheg nganti tumeka jumenenge Sang Prabu Dharius ratu ing nagara Persia ing taun kapindhone.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10