Ezra 10:10-16 JAV

10 Imam Ezra banjur jumeneng lan ngandika marang wong kabeh iku: “Kowe wus padha nglakoni panggawe kang ora setya, marga padha omah-omah karo wong wadon bangsa liya, lan marga saka iku kowe padha muwuhi kaluputane wong Israel.

11 Nanging saiki padha nalangsaa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan padha nglakonana kang dadi keparenging karsane, padha pisaha karo wong-wong ing tanah iki lan karo wong wadon bangsa liya iku.”

12 Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha mangsuli atur klawan swara kang sora: “Lah sampun dados kuwajiban kula sami nglampahi kados ingkang panjenengan pangandikakaken punika.

13 Nanging tiyang-tiyang punika kathah sanget cacahipun tur sapunika saweg mangsanipun jawah, temah tiyang sami boten betah ngadeg wonten ing jawi. Punapa malih padamelan punika boten saged rampung salebetipun sadinten kalih dinten, amargi ing bab punika kula sampun sami nglampahi panerak kathah.

14 Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”

15 Mung Yonatan bin Asael, Yahzeya bin Tikwa, kang padha ngadeg mbantah rembug kang mangkono iku, kabiyantu dening Mesulam lan Sabetai, wong Lewi.

16 Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.