13 Nanging tiyang-tiyang punika kathah sanget cacahipun tur sapunika saweg mangsanipun jawah, temah tiyang sami boten betah ngadeg wonten ing jawi. Punapa malih padamelan punika boten saged rampung salebetipun sadinten kalih dinten, amargi ing bab punika kula sampun sami nglampahi panerak kathah.
14 Kajengipun para pangageng kula kemawon ingkang sami makili sapasamuwan sadaya, dene sakathahipun tiyang ing kitha-kitha ingkang ngrabeni tiyang sanes bangsa punika kajengipun sami kasowanaken ing wekdal-wekdal ingkang sampun katamtokaken, kairid dening para sesepuhipun satunggal-tunggaling kitha saha para hakimipun, ngantos mulad-mulading bebendunipun Allah, margi saking prakawis punika, katebihaken saking kula.”
15 Mung Yonatan bin Asael, Yahzeya bin Tikwa, kang padha ngadeg mbantah rembug kang mangkono iku, kabiyantu dening Mesulam lan Sabetai, wong Lewi.
16 Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.
17 Lan anggone padha ngrampungake pamriksane marang sakehing wong kang wus padha ngalap rabi wong liyan bangsa iku nalika sasi kapisan tanggal kapisan.
18 Panunggalane turune para imam kang tinemu ngrabeni wong wadon bangsa liyan iku panunggalane bani Yesua bin Yozadak lan para sadulure: Maaseya, Eliezer, Yarib lan Gedalya.
19 Kanthi jawatan tangan wong-wong mau padha prajanji arep nglungakake bojone. Padha ngaturake wedhus gembel lanang siji saka ing pepanthaning kewane minangka kurban panebusing dosa marga saka kaluputane.