18 Panunggalane turune para imam kang tinemu ngrabeni wong wadon bangsa liyan iku panunggalane bani Yesua bin Yozadak lan para sadulure: Maaseya, Eliezer, Yarib lan Gedalya.
19 Kanthi jawatan tangan wong-wong mau padha prajanji arep nglungakake bojone. Padha ngaturake wedhus gembel lanang siji saka ing pepanthaning kewane minangka kurban panebusing dosa marga saka kaluputane.
20 Saka bani Imer: Hanani lan Zebaja;
21 saka bani Harim: Maaseya, Elia, Semaya, Yehiel lan Uzia;
22 saka bani Pasyhur: Elyoenai, Maaseya, Ismael, Nataneel, Yozabad lan Elasa.
23 Saka wong bani Lewi: Yozabad, Simei, Kelaya (yaiku Kelita), Petahya, Yahuda lan Eliezer.
24 Saka para pasindhen: Elyasib.Saka golongane para jaga-gapura: Salum, Telem lan Uri.