2 Nuli Sekhanya bin Yehiel, panunggalane bani Elam, matur marang Imam Ezra: “Kawula sampun sami nglampahi pandamel ingkang boten setya dhumateng Gusti Allah kawula, margi kawula sami sesemahan kaliyan tiyang estri sanes bangsa ing tanah ngriki. Ewasamanten ing samangke inggih taksih wonten pangajeng-ajeng tumrap Israel.
3 Ingkang punika sumangga samangke sami ngawontenaken prajanjian kaliyan Gusti allah kita, manawi badhe ngesahaken tiyang estri punika sadaya dalah anak-anakipun ingkang kalairaken, miturut pitedah panjenengan saha para tiyang ingkang gumeter ajrih dhateng pepakening Allah kita, saha lajeng sami tumindaka miturut ing angger-anggering Toret.
4 Sumangga kula aturi jumeneng, amargi prakawis punika dados kuwajiban panjenengan. Kula sami badhe mbiyantu panjenengan. Mugi karsaa ngiyataken panggalih panjenengan saha lajeng karsaa tumindak!”
5 Imam Ezra banjur jumeneng sarta mundhut sumpahe para pangarepe imam, para wong Lewi, lan wong Israel sabangsa kabeh, yen bakal padha nglakoni miturut ing tembung iku mau; banjur iya padha sumpah.
6 Sawuse iku Imam Ezra jumeneg mundur saka ing ngarepane padalemane Gusti Allah, tumuli lumebet ing kamare Yohanan bin Elyasib, sarta nyare ana ing kono, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu, amarga isih prihatos jalaran saka panggawene para wong buwangan kang ora setya mau.
7 Ing kono banjur ana pengumuman kang kagiyarake ing sawatara tanah Yehuda lan Yerusalem, marang sakehe wong kang mentas saka ing pambuwangan, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem.
8 Sapa kang ora mara sajroning telung dina, manut kaputusane para panggedhe lan para tetuwa, sabarang darbeke bakal karampas lan awake dhewe kapisahake saka ing patunggalane para wong kang bali saka ing pambuwangan.