1 Iki pratelane bab wong ing propinsi Yehuda kang padha budhal mulih saka ing pambuwangan, yaiku para tawanan kang biyen padha diboyongi menyang ing tanah Babil dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang padha bali mulih menyang ing Yerusalem lan tanah Yehuda menyang ing kuthane dhewe-dhewe.
2 Tekane padha kairid dening Sang Zerubabel, Yesua, Nehemya, Seraya, Reelaya, Mordekhai, Bilsan, Mispar, Bigwai, Rehum lan Baana.Iki dhaftare wong-wong bangsa Israel:
3 bani Paros: rong ewu satus pitung puluh loro;
4 bani Sefaca: telung atus pitung puluh loro;