55 Iki turune para abdine Prabu Suleman:bani Sotai, bani Soferet, bani Peruda;
56 bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;
57 bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Ami.
58 Sakehe para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman iku gunggunge ana telung atus sangang puluh loro.
59 Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:
60 bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;
61 lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.