59 Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:
60 bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;
61 lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.
62 Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.
63 Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.
64 Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;
65 iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.