62 Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.
63 Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.
64 Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;
65 iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.
66 Jarane ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima;
67 untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.
68 Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.