Ezra 3:1-7 JAV

1 Bareng ngancik sasi kapitu, sawuse wong Israel padha manggon ana ing kutha-kuthane, nuli rakyat kabeh pada saiyeg nglumpuk ana ing Yerusalem.

2 Imam Yesua, putrane Imam Yozadak kanthi sadulure para imam, karo Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel karo para sadhereke banjur padha tumandang mbangun misbyah, kagungane Gusti Allahe Israel, kanggo nyaosake kurban obaran, condhong karo kang wus kapacak ana ing Torete Nabi Musa, abdining Allah.

3 Misbyahe diadegake ana ing panggonane lawas, sanadyan padha wedi marang bangsa kang manggon ing kono, nuli padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah iku, kurban obaran ing wayah esuk lan sore.

4 Karodene padha netepi riyaya Tancebing Tarub condhong karo kang wus kapacak, sarta ing sadina-dina nyaosake kurban obaran, miturut cacah kang wus katamtokake yaiku saben dina, kaya kang wus kapranata, kanggo ing dina iku.

5 Lan wiwit ing dina iku dianakake kurban obaran kang tetep, uga kanggo ing tanggal anyar lan saben dina riyaya kang suci kagem Sang Yehuwah, apadene saben-saben ana wong kang nyaosake kurban manasuka katur marang Pangeran Yehuwah.

6 Anggone padha miwiti nyaosake kurban obaran marang Sang Yehuwah iku ing sasi kapitu mau tanggal sapisan, sanadyan padalemane suci Sang Yehuwah durung tinalesan.

7 Nuli padha ngwenehi dhuwit marang para tukang batu lan tukang kayu, sarta ngwenehi pangan lan omben-omben tuwin lenga marang wong Sidon lan Tirus, supaya padha nggawaa kayu eres saka ing pagunungan Libanon nganti tekan segara ing sacedhake Yafo, miturut idin kang wis diparingake dening Sang Prabu Koresy ratu ing Persia.