8 Bareng nyandhak taun kang kapindho sawuse padha teka ing padalemaning Allah ing Yerusalem ing sasi kapindho, Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua putrane Imam Yozadak karo para sadhereke liyane, yaiku para imam lan para wong Lewi, apadene sakehe wong kang padha bali saka ing tawanan menyang ing Yerusalem, padha wiwit tumandang ing gawe, sarta padha matah para wong Lewi kang umur rong puluh taun sapandhuwur supaya padha ngulat-ulatake pagawean mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah.
9 Imam Yesua karo para putrane lan para sadhereke tuwin Sang Kadmiel karo para putrane para wong Yehuda padha saiyeg ngulat-ulatake wong kang padha nglakoni pagawean tumrap ing padalemane Gusti Allah. Mangkono uga bani Henadad karo para putrane lan sadhereke, para wong Lewi.
10 Anadene nalika para tukang padha masang tetalese padalemane sang Yehuwah, para imam banjur padha mapan klawan manganggo miturut kalungguhane kambi nggawa kalasangka, sarta para wong Lewi, bani Asaf, klawan nggawa kecer, kanggo ngluhurake Sang Yehuwah miturut tatanane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.
11 Klawan sesauran anggone padha ngidungake repen pepujian lan pangucap sokur kagem Sang Yehuwah: “Amarga Pangeran iku asih darma! Sih-susetyane iku langgeng tumrap Israel!” Lan wong saumat kabeh padha surak-surak sora kalawan memuji marang Sang Yehuwah, awit padalemane Pangeran Yehuwah wus tinalesan.
12 Nanging panunggalane para imam lan para wong Lewi sarta para kepalaning kulawangsa kang wus tuwa, sarta isih menangi padalemane kang dhingin, akeh kang padha nangis karanta-ranta, nalika ndeleng wong padha masang tetalese padaleman iku, mangka wong akeh padha surak-surak seru marga saka bungahe.
13 Wong-wong nganti ora padha bisa mbedakake swarane wong surak-surak marga saka bungah karo swaraning tangise rakyat, amarga wong akeh padha surak-surak sora, swarane nganti keprungu saka ing kadohan.