Ezra 4:10-16 JAV

10 tuwin bangsa-bangsa sanesipun, ingkang dipun pindhah dening panjenenganipun Sang Asnapar ingkang agung lan minulya, sarta kadhawuhan manggen wonten ing kitha Samaria lan ing tlatah sanesipun sakilenipun benawi Efrat.”

11 Iki turunane layang kang diunjukake marang panjenengane: “Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Artahsasta, saking kawula para abdi dalem, para tiyang ingkang wonten ing wewengkon sakilening benawi Efrat.

12 Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih tiyang Yahudi ingkang sami bidhal saking ngarsa dalem dhateng ing panggenan kawula punika sampun sami dumugi ing Yerusalem. Tiyang-tiyang wau sapunika saweg mbangun kitha ingkang tiyangipun sami duraka lan dursila punika, sami ndandosi balowartinipun sarta nyantosakaken tetalesipun.

13 Ingkang punika mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih, manawi kitha punika sampun kabangun malih sarta balowartinipun sampun rampung, tiyangipun boten badhe asok paos saha bulubekti utawi beya malih, temah damel kapitunanipun para ratu.

14 Wondene sapunika sarehning kawula sampun sami gadhah sesambetan kaliyan Sang Prabu, sarta boten saged ningali, Sang Prabu angsal panacad, pramila kawula sami kengkenan ngaturi uninga dhumateng Sang Prabu,

15 supados kawontenaken panitipriksa ing serat babadipun para leluhur dalem. Panjenengan dalem lajeng badhe manggih ing serat babad ngriku sarta badhe nguningani bilih kitha punika pancen sampun dados kitha duraka, ingkang tansah njalari pitunanipun para ratu tuwin ing dhaerah-dhaerah, punapa malih tiyang isinipun sampun wiwit kina mila tansah ngwontenaken pageger, ngantos kitha punika dados risak.

16 Kawula sami ngaturi pirsa dhumateng Sang Prabu, manawi ngantos kelampahan kitha punika kabangun malih saha balowartinipun sampun rampung, panjenengan dalem temah boten badhe kagungan jajahan malih wonten ing sakilenipun benawi Efrat.”