17 Sang Prabu banjur paring wangsulan mangkene: “Tumekaa marang bupati Rehum lan Simsai juru-tulis sarta para kanca-kanca liyane kang padha manggon ana ing Samaria lan dhaerah liyane ing sabrange bengawan Efrat. Salam!
18 Lah saiki layang paturan kang sira unjukake marang ingsun iku wus kawaca ana ing ngarsaningsun kanthi gamblang:
19 sarta ingsun iya wus paring dhawuh nitipriksa, tinemune panitipriksa mau yaiku manawa nagara iku pancen wiwit ing kuna mula mbangkang marang para ratu, sarta wong saisining nagara iku tansah tumindak duraka lan mbalela.
20 Karodene ing Yerusalem kono dhek biyen tau ana ratu-ratune kang kwasa, kang padha ngereh satlatah sabrange bengawan Efrat, sarta panjenengane iku kang padha disaosi pajeg, bulubekti lan beya.
21 Kang iku padha prentahna wong mau supaya padha lerena, aja nganti kutha iku dibangun maneh, sadurunge ingsun paring dhawuh.
22 Lan padha nggatekna temenan, supaya sira aja nganti tledhor ing bab iki. Apa ta paedahe, yen kang marakake kapitunane para ratu iku saya wuwuh akeh?”
23 Wondene bareng turunaning layange Sang Prabu Artahsasta kawacakake marang Sang Rehum, lan Simsai, juru-tulise sarta para kanca-kancane, wong iku banjur padha budhal menyang Yerusalem, nemoni para wong Yahudi sarta padha dipeksa kanthi keras supaya padha leren anggone nyambut-gawe.