Ezra 4:6-12 JAV

6 Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.

7 Lan nalika jumenenge Prabu Artahsasta, Bislam, Mitredat lan Tabeel karo para kanthine liyane banjur padha nulis layang konjuk marang Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Persia. Layange mau katulis mawa basa Aram kanthi kajarwakake:

8 “Bupati Rehum kaliyan Simsai, juru-serat, sampun sami damel serat bab Yerusalem, konjuk dhumateng Sang Prabu Artahsasta, ingkang isinipun mekaten:

9 -- Bupati Rehum kaliyan Simsai, juru-serat, sarta para prakancanipun, para hakim saha para punggawa saandhahanipun, tiyang Persia, tiyang saking Erekh, tiyang saking Babil, saha tiyang saking Susan, inggih punika tiyang Elam

10 tuwin bangsa-bangsa sanesipun, ingkang dipun pindhah dening panjenenganipun Sang Asnapar ingkang agung lan minulya, sarta kadhawuhan manggen wonten ing kitha Samaria lan ing tlatah sanesipun sakilenipun benawi Efrat.”

11 Iki turunane layang kang diunjukake marang panjenengane: “Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Artahsasta, saking kawula para abdi dalem, para tiyang ingkang wonten ing wewengkon sakilening benawi Efrat.

12 Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih tiyang Yahudi ingkang sami bidhal saking ngarsa dalem dhateng ing panggenan kawula punika sampun sami dumugi ing Yerusalem. Tiyang-tiyang wau sapunika saweg mbangun kitha ingkang tiyangipun sami duraka lan dursila punika, sami ndandosi balowartinipun sarta nyantosakaken tetalesipun.