1 Nanging Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho, nabi loro mau padha meca tumrap para wong Yahudi kang manggon ana ing Yahuda lan ing Yerusalem, atas asmane Gusti Allahe Israel, kang nganthi wong loro iku.
2 Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.
3 Nanging ing nalika samana Sang Tatnai, bupati ing sabrang kulone bengawan Efrat, ngrawuhi bebarengan karo Sang Syetar-Boznai lan kanca-kancane, lan mangkene pangandikane marang para wong mau: “Sapa kang maringi prentah marang kowe mbangun padaleman iki sarta ngrampungake balowarti iki?”
4 Banjur padha didangu uga: “Sapa jenenge wong kang padha ngadegake bangunan iki?”
5 Nanging paningale Gusti Allah tansah mirsani para tetuwane wong Yahudi, satemah ora dipeksa leren dening wong-wong iku, nganti prakara iki katur marang Sang Prabu Dharius, lan wus ana wangsulan tumrap prakara iki.