11 Tiyang wau tumunten sami mangsuli dhateng kawula, tembungipun makaten: Kula punika sami abdinipun Gusti Allahipun langit lan bumi, punapa dene kula mbangun malih padaleman ingkang sampun kaadegaken pinten-pinten taun saderengipun punika, kaadegaken saha karampungaken dening satunggaling ratunipun Israel ingkang agung.
12 Nanging sarehning para leluhur kula sami memungu bebendunipun Gusti Allahing langit, pramila lajeng dipun ulungaken dhateng ing astanipun Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, bangsa Kasdim, ingkang nggempur padaleman wau saha tiyangipun sami dipun boyongi dhateng tanah Babil kadadosaken tawanan.
13 Nanging ing taun kapisan jamanipun Sang Prabu Koresy, ratu ing Babil, Sang Prabu Koresy tumunten ndhawuhaken prentah supados mbangun padalemaning Allah punika.
14 Malah sadaya pirantosing padalemaning Allah ingkang arupi mas tuwin selaka, ingkang suwaunipun dipun pundhuti Sang Prabu Nebukadnezar saking padaleman suci ingkang wonteng ing Yerusalem ingkang lajeng kalebetaken ing padaleman suci ing Babil, punika ugi sami kapundhut Sang Prabu Koresy saking padaleman suci ing Babil lan dipun pasrahaken dhateng tiyang ingkang nama Sesbazar ingkang sampun kawisudha dados bupati.
15 Punika dipun dhawuhi makaten: Piranti iki padha jupukana nuli mangkata lan kadekeka ing padaleman suci ing Yerusalem, apadene padalemane Allah iku kadhawuhana mbangun maneh ana ing panggonane lawas.
16 Bupati Sesbazar punika wau lajeng rawuh sarta masang tetalesing padalemaning Allah ingkang wonten ing Yerusalem, lan wiwit kala semanten ngantos dumugi sapriki anggenipun dipun bangun, namung kemawon dereng rampung.
17 Pramila manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena dhawuh dalem nitipriksa ing gedhong raja-brana kagungan dalem Sang Prabu ingkang wonten ing Babil ngriku, punapa sayektos wonten dhawuh dalem Sang Prabu Koresy, supados mbangun padalemaning Allah wonten ing Yerusalem wau. Wasana kekancingan dalem Sang Prabu tunrap prekawis punika mugi lajeng kaparingna dhumateng kawula.”