2 Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.
3 Nanging ing nalika samana Sang Tatnai, bupati ing sabrang kulone bengawan Efrat, ngrawuhi bebarengan karo Sang Syetar-Boznai lan kanca-kancane, lan mangkene pangandikane marang para wong mau: “Sapa kang maringi prentah marang kowe mbangun padaleman iki sarta ngrampungake balowarti iki?”
4 Banjur padha didangu uga: “Sapa jenenge wong kang padha ngadegake bangunan iki?”
5 Nanging paningale Gusti Allah tansah mirsani para tetuwane wong Yahudi, satemah ora dipeksa leren dening wong-wong iku, nganti prakara iki katur marang Sang Prabu Dharius, lan wus ana wangsulan tumrap prakara iki.
6 Ing ngisor iki turunane layang kang diaturake marang Sang Prabu Dharius saka Sang Tatnai, bupati ing sakulone bengawan Efrat karo Sang Syetar-Boznai sarta kanca-kancane, para punggawa dhaerah sakulone benganwan Efrat.
7 Wong-wong mau padha ngaturake palapuran tinulis mangkene:“Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Dharius, tentrem rahayu!
8 Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yahuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.