5 Nanging paningale Gusti Allah tansah mirsani para tetuwane wong Yahudi, satemah ora dipeksa leren dening wong-wong iku, nganti prakara iki katur marang Sang Prabu Dharius, lan wus ana wangsulan tumrap prakara iki.
6 Ing ngisor iki turunane layang kang diaturake marang Sang Prabu Dharius saka Sang Tatnai, bupati ing sakulone bengawan Efrat karo Sang Syetar-Boznai sarta kanca-kancane, para punggawa dhaerah sakulone benganwan Efrat.
7 Wong-wong mau padha ngaturake palapuran tinulis mangkene:“Konjuk ing ngarsa dalem Sang Prabu Dharius, tentrem rahayu!
8 Mugi kauningana ing Sang Prabu, bilih kawula sampun sami dhateng ing tanah Yahuda, dhateng ing padalemanipun Allah Ingkang Mahaagung. Padaleman punika saweg kabangun mawi sela ingkang ageng-ageng sarta tembokipun karangkepan gebyog lan anggenipun nindakaken padamelan punika klayan saestu, sarta panggarapipun tumindak rancag.
9 Para sesepuh ing ngriku lajeng sami kawula takeni lan makaten tembung kawula: Sapa kang mrentahi kowe mbangun padaleman iki lan ngrampungake tembok iki?
10 Punapa malih ugi sami kawula takeni nama-namanipun, supados kenginga kawula aturaken ing ngarsanipun gusti kawula, kaliyan nyatheti namanipun ingkang sami dados sesepuhipun.
11 Tiyang wau tumunten sami mangsuli dhateng kawula, tembungipun makaten: Kula punika sami abdinipun Gusti Allahipun langit lan bumi, punapa dene kula mbangun malih padaleman ingkang sampun kaadegaken pinten-pinten taun saderengipun punika, kaadegaken saha karampungaken dening satunggaling ratunipun Israel ingkang agung.