1 Sawuse mangkono Sang Prabu Dharius banjur dhawuh nitipriksa ana ing gedhong raja-brana ing Babil, papan pasimpenane naskah-naskah.
2 Wasana ing Akhmeta, beteng kang ana ing propinsi Media, tinemu ana gulungan kang isine mangkene:
3 “Piyagem: Ing taun kapisan jamanipun Sang Prabu Koresy, Sang Prabu Koresy ndhawuhaken prentah makaten: Bab padalemaning Allah ing Yerusalem. Padaleman iku kabanguna maneh minangka panggonane wong nyaosake kurban sembelehan lan kurban genenan, dhuwure gedhong sawidak asta lan ambane sawidak asta.
4 Lan kudu dipasangi watu gedhe-gedhe telung larik lan kayu salarik. Dene wragade iku kajupukna saka ing gedhong rajabrananing kraton.