10 supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.
11 Sabanjure ingsun ngundhangake dhawuh: Sapa kang nerak kekancingan iki, cagaking omahe kabedhola siji kagawe nyunduki wong iku ana ing pucuke, karodene omahe kadadekna jugrugan marga saka kang mengkono iku.
12 Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak pututsan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”
13 Sang Tatnai, bupati ing sabrange kulon bengawan Efrat, Syetar-Boznai lan sakanca-kancane banjur iya padha nglakoni kanthi nastiti miturut sadhawuhe Sang Prabu Dharius.
14 Para tetuwane wong Yahudi padha mbanjurake anggone mbangun kanthi rancag, kaangsegake dening pamecane Nabi Hagai lan Nabi Zakharia bin Idho; iku iya nganti rampung miturut dhawuhe Gusti Allahe Israel lan dhawuhe Sang Prabu Koresy tuwin Sang Prabu Dharius, apadene Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia.
15 Rampunge padaleman iku nalika tanggal kaping telu sasi Adar, iya iku ing taun kang kaping neme jaman paprentahane Sang Prabu Dharius.
16 Wong Israel, para imam lan para wong Lewi tuwin wong liyane kang padha bali saka ing pambuwangan, banjur padha mahargya anggone ngresmekake padalemane Gusti Allah iku kalawan bungah-bungah.