19 Lan ing tanggal patbelas sasi kapisan wong kang padha bali saka pamboyongan padha ngriyayakake Paskah.
20 Sarehne para imam lan para wong Lewi iku padha sesuci barengan, mulane kabeh padha dadi suci. Banjur padha nyembeleh cempening Paskah kanggo sakehing wong kang padha bali saka ing pambuwangan lan kanggo sadulur-sadulure, yaiku para imam, sarta kanggo awake dhewe.
21 Dene kang padha mangan yaiku wong Israel kang padha mulih saka ing pambuwangan lan uga saben wong kang ngedohi kanajisane para bangsa kang manggon ing kono sarta banjur manunggal karo wong Israel sumedya ngabekti marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.
22 Wong mau uga padha mahargya riyaya roti tanpa ragi, suwene pitung dina karo bungah-bungah, amarga Pangeran Yehuwah wus damel bungahe; Panjenengane wus ngengakake panggalihe ratu ing nagara Asyur marang wong-wong mau, temah Sang Prabu banjur paring pambiyantu ing bab anggone nggarap padalemaning Allah, iya iku Gusti Allahe Israel.