6 “Kang iku sira Tatnai, bupati ing dhaerah sabrange bengawan Efrat, lan Syetar-Boznai, dalah kanca-kancanira, para punggawa dhaerah sabrange bengawan Efrat, padha ngedoha saka ing kana.
7 Pagawean mbangun padalemaning Allah iku togna bae; bupatine wong Yahudi lan para tetuwane wong Yahudi kareben padha mbangun padalemaning Allah iku ana ing panggonane lawas.
8 Apamaneh prentahingsun mungguh kang perlu sira tandukake marang tetuwane wong Yahudi tumrap pembanguning padalemane Allah iku mangkene: Saka pametune karajan, saka bulubekti ing dhaerah sabrange bengawan Efrat iku kaurusa kanthi tliti lan aja diendhe-endhe kawenehna marang wong-wong iku.
9 Lan apa kang dibutuhake, kayata sapi lanang enom, wedhus gembel lanang, cempe kanggo kurban obaran konjuk marang Allahing swarga, mangkono uga gandum, uyah, anggur lan lenga, miturut pituduhe para imam ing Yerusalem, kabeh iku kudu kawenehake saben dina, aja nganti gothang,
10 supaya padha bisa ngaturake kurban kang gawe renaning panggalihe Gusti Allahing swarga lan ndedonga kagem Sang Prabu dalah para putrane.
11 Sabanjure ingsun ngundhangake dhawuh: Sapa kang nerak kekancingan iki, cagaking omahe kabedhola siji kagawe nyunduki wong iku ana ing pucuke, karodene omahe kadadekna jugrugan marga saka kang mengkono iku.
12 Anadene Gusti Allah kang wus ngarsakake asmane dedalem ana ing kono iku, muga ngrebahna sadhengaha ratu lan sadhengaha bangsa kang kumlawe tangane sumedya nerak pututsan iki, lan ngrusak padalemaning Allah kang ana ing Yerusalem iku. Ingsun Dharius, kang ngundhangake dhawuh iki. Poma iku kaestokna temenan.”