1 Iki daftare para panggedhening kulawangsa lan sarasilahe kang padha bebarengan budhal karo aku saka ing tanah Babil, nalika jaman paprentahane Sang Prabu Artahsasta:
2 saka turune Pinehas: Gersom; saka turune Itamar: Dhaniel; saka bani Dawud: Hatus;
3 bin Sekhanya; saka bani Paros: Zakharia, lan kanthine wong lanang kang padha kapacak ana ing sarasilah wong satus seket;
4 saka bani Pahat-Moab: Elyoenai bin Zerahya, lan kanthine wong lanang rong atus;