Ezra 8:18-24 JAV

18 Sarehne astane Gusti Allah kang sipat mirah ngayomi aku kabeh, aku banjur padha dikirimi wong kang wasis-wasis saka bani Mahli bin Lewi, bin Israel, yaiku Serebya saanak-anake lan sadulur-sadulure, gunggung wong wolulas,

19 apadene Hasabya lan Yesaya saka bani Merari, karo para sadulure lan anak-anake, gunggung wong rong puluh;

20 sarta maneh panunggalane para abdi ing padalemaning Allah, kang wus padha kaparingake dening Sang Prabu Dawud lan para panggedhe kang padha katetepake ngladeni marang wong-wong Lewi, kehe rong atus rong puluh, kabeh padha kadhaftar jenenge.

21 Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.

22 Amarga aku isin saupama nyuwuna wadya-bala lan wadya-bala jaranan marang Sang Prabu kang rumeksa marang aku kabeh lan kang nanggulangi mungsuh ana ing dalan, mulane mangkono amarga aku wus padha matur marang Sang Prabu: “Astanipun Gusti Allah kawula punika ngayomi dhateng sakathahipun tiyang ingkang ngupadosi ing Panjenenganipun, murih wilujeng, nanging sakathahipun tiyang ingkang nyingkur Panjenenganipun punika sami dipun dhawahi ing pangwaos saha bebendunipun.”

23 Dadine aku banjur padha puwasa sarta padha ngunjukake bab iku marang Gusti Allah lan Gusti Allah uga nyembadani panyuwunku.

24 Aku tumuli miji pangareping imam rolas, yaiku: Serebya lan Hasabya karo para sadulure wong sepuluh.