Ezra 8:25-31 JAV

25 Aku banjur nimbangake selaka lan mas apadene piranti-piranti, yaiku pisungsung-pisungsung mligi kanggo padalemane Gusti Allah kita, yaiku pisungsunge Sang Prabu, para juru-pirembage lan para panggedhe apadene sakehe para wong Israel kang ana ing kana.

26 Aku uga nimbang kang banjur dakpasrahake marang ing tangane: selaka nem atus seket talenta, lan piranti selaka pengaji satus talenta, emas satus talenta,

27 tuwung emas rong puluh kang pengaji sewu dirham, apadene piranti tembaga murni kang gumilap lan endah kaya mas rong iji.

28 Sarta aku banjur kandha marang wong-wong mau: “Kowe iku padha wong sengkeran sumaos marang Sang Yehuwah lan piranti-piranti iki uga padha dadi sengkeran suci, sarta selaka lan mase iki dadi pisungsung manasuka konjuk marang Sang Yehuwah Gusti Allahe para leluhurmu;

29 iku rawatana lan reksanen, nganti tumeka wektune katimbang, ana ing sangarepe para pangareping imam lan para wong Lewi tuwin para panggedhening kulawangsane wong Israel ing Yerusalem, ing gedhong-gedhong padalemane Sang Yehuwah.”

30 Para imam lan para wong Lewi iku banjur padha nampani selaka lan mas tuwin piranti-piranti kang wus katimbang iku, bakal digawa menyang ing Yerusalem, menyang ing padalemane Gusti Allah kita.

31 Sawuse mangkono aku tumuli padha budhalan saka ing pinggire kali Ahawa menyang Yerusalem, yaiku nalika sasi kapisan tanggal ping rolas, ngener Yerusalem, lan astane Gusti Allah kita ngayomi marang kita, sarta ngedohake kita saka ing tangane mungsuh lan begal.