12 Kang iku sira aja nganti ngwenehake anak-anakira wadon marang anake lanang bangsa-bangsa iku lan aja ngalap anak-anake wadon kanggo anakira lanang. Sira aja mbudidaya ngolehake kabegjan lan karaharjan kanggo wong-wong iku nganti ing salawas-lawase, supaya sira padha dadi rosa lan padha mangan pametune tanah kang becik, apadene padha marisake tanah iku marang anak-anakira nganti ing salawas-lawase.
13 Sasampunipun kawula ngraosaken samukawis punika sadaya ingkang margi saking piawon kawula, saha awit saking kalepatan kawula ingkang ageng, dhuh Allah kawula, mangka Paduka boten paring paukuman ingkang timbang kaliyan dosa kawula, malah kawula taksih Paduka paringi kekantunan ingkang oncat semanten kathahipun punika,
14 ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.
15 Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”