2 Amargi ngalap anak-anakipun estri kangge badanipun piyambak utawi kangge anak-anakipun jaler, temah wiji ingkang suci campur kaliyan para tiyang ing tanah ngriki, malah ingkang sami miwiti nglampahi pandamel ingkang boten setya punika para pangageng saha para ingkang nyepeng pangwaos.”
3 Bareng aku krungu prakara kang mangkono iku, aku tumuli nyuwek sandhanganku lan jubahku sarta njabuti rambutku lan jenggotku tuwin banjur ndheprok dheleg-dheleg.
4 Sakehing wong kang gumeter saka wedine marang pangandikane Gusti Allahe Israel, marga saka panerake wong pambuwangan kang ora setya iku tumuli padha nglumpuk ana ing ngarepku, nanging aku isih tetep ndheprok bae klawan dheleg-dheleg, nganti tumeka wayah kurban sore.
5 Bareng wayah kurban sore iku aku banjur ngadeg saka enggonku nyiksa awakku, sarta jengkeng kanthi isih nganggo sandhanganku kang suwek lan ngegarake tanganku marang Sang Yehuwah Allahku,
6 lan aturku: “Dhuh Allah kawula, kawula nandhang wirang saha tampi panajad, ngantos boten wani tumenga dhumateng Paduka, dhuh Allah kawula, amargi dosa kawula tumpuk-undhung ngungkuli sirah kawula saha kalepatan kawula ngantos sundhul ing langit.
7 Wiwit nalika jamanipun para leluhur kawula ngantos dumugi ing dinten punika kalepatan kawula ageng, lan jalaran saking dosa kawula, kawula sadaya, para ratu kawula tuwin para imam kawula sami kaulungaken dhateng para ratu ing tanah ngamanca, dhateng pangwaosing pedhang, dhateng pambucalan saha sami kajarah rayah tuwin sami karemehaken wonten ing ngajenging tiyang kathah, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika.
8 Lan ing samangke, saweg kemawon kawula sami ngraosaken sih-palimirma paringipun Sang Yehuwah Gusti Allah kawula, ingkang nilari kawula tiyang ingkang sami oncat, saha maringi papan padunungan wonten ing panggenan ingkang suci, satemah mripat kawula sami kadadosaken padhang dening Gusti Allah, sarta kawula sami kaparingan lega sakedhik ing salebetipun pangawulan kawula.