1 Wangsit kang katingalan dening Nabi Habakuk.
2 Dhuh Yehuwah, taksih pinten dangunipun malih anggen kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: “Wonten panganiaya!”, nanging Paduka boten mitulungi?
3 Punapaa dene Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya? Panganiaya saha pangroda-peksa wonten ing ngajenging mripat kawula; paben saha pasulayan ingkang tumuwuh.
4 Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.
5 Padha mawasa lan nggatekna ana ing antarane para bangsa, gumuna lan padha njengera, dene Ingsun nindakake sawijining pakaryan ing jamanira kang manawa kawartakake marang sira, sira mesthi ora ngandel.
6 Dene lah Ingsun kang nenangi wong Kasdim, bangsa kang ambek-siya lan cukat tandange, kang ndlajahi garis-garising lintang bumi, arep ngejegi papan padunungan kang dudu duweke.
7 Bangsa iku medeni lan nggegirisi, pangadilan lan kaluhurane iku asale saka awake dhewe.
8 Jarane cukate ngungkuli macan tutul, lan girase ngungkuli asu ajag ing wayah bengi; wadya-balane jaranan teka sesanderan saka ing panggonan adoh, nganti kaya mabur memper manuk garudha kang nyamber memangsan.
9 Bangsa iku kabeh padha nglurug arep nandukake panganiaya, panempuhing cucuking barisane kaya angin saka ing wetan, sarta padha nglumpukake tawanan kang kehe kaya wedhi.
10 Para raja padha dipoyoki lan para panggedhe padha digeguyu; saben beteng digeguyu, diurugi lemah lan banjur karayud.
11 Banjur padha mlayu-mlayu rikate kaya sumiyuding angin, terus bablas; kaya mangkono anggone padha nindakake panggawe kang luput kalawan ndewa-dewa marang kakuwatane.
12 Dhuh Yehuwah, Paduka punika sampun wiwit rumiyin mila rak Gusti Allah kawula, Ingkang Mahasuci? Kawula boten badhe sami pejah. Dhuh Yehuwah, bangsa punika Paduka patah supados ndhawahaken paukuman. Dhuh, Sang Redi Parang, bangsa punika sampun Paduka tamtokaken supados niksa.
13 Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?
14 Punapa dene Paduka karya manungsa punika kok kados ulam ing saganten, utawi kados kewan gumremet ingkang tanpa paprentahan?
15 Manungsa wau sadaya dipun sendhal klayan pancing, dipun cepeng kaliyan jaringipun, sarta dipun klempakaken mawi jalanipun, ndadosaken bingah lan giyak-giyakipun tiyang duraka wau.
16 Mila jaringipun dipun sajeni kurban, sarta jalanipun dipun sajeni kurban obaran; awit pirantos-pirantos punika ingkang njalari angsal-angsalanipun kathah lan rejekinipun tirah-tirah.
17 Punapa punika ingkang njalari lajeng tansah nyepeng pedhang ligan saha lajeng mejahi bangsa-bangsa tanpa welas?