Habakuk 2 JAV

Wong kang bener bakal urip marga saka pracayane

2:1-5

1 Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara, aku arep niliki lan ngadhang-adhang marang apa kang bakal dadi pamangsite marang aku, lan kapriye paring wangsulane tumrap pasambatku.

2 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.

3 Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.

4 Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.

5 Wong kang gumunggung lan umuk, iku mesthi ora bisa lestari; iku ngangapake cangkeme kaya jagading wong mati, lan ora bisa wareg-wareg kaya si pati, nganti sakehe suku bangsa padha diklumpukake lan sakehe bangsa padha digiring menyang ing ngarepe.”

Paukuman tumrap para kang nindhes

2:6-20

6 Kabeh mau rak bakal padha ngucapake bebasan ing ngatase dheweke, sarta lagu pangerang-erang tuwin padha nyemoni mangkene: Bilai wong kang ngrayud kang dudu duweke, -- nganti pira lawase iku? -- lan kang ngemoti barang gadhen pirang-pirang marang awake dhewe?

7 Rak bakal kanthi dadakan anggone ana wong-wong kang padha ngadeg lan nyakot sira, lang kang padha tangi sarta ngagetake sira, satemah sira banjur dadi bandhangane?

8 Awitdene sira wus njarah-rayahi suku bangsa akeh, mulane kekarene bangsa-bangsa iku bakal padha genten njarah-rayahi sira, marga saka getihing manungsa kang wus wutah iku lan marga saka panganiaya marang ing nagara, kutha lan sakehe wong kang manggon ing kono.

9 Bilai wong kang ngarah bathi kang ora bakal kanggo kaperluaning brayate; sumedya mrenahake susuhe ana ing papan kang dhuwur, supaya bisa oncat saka ing cangkeremaning bilai.

10 Sira wus ngrancang kawirangan tumrap kulawarganira, yaiku nalika sira duwe karep arep numpes bangsa akeh; kalawan mangkono sira wus kelangan nyawanira.

11 Marga watu-watu padha sambat saka ing tembok, sarta balok nyauri saka ing balunganing omah.

12 Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng kalawan tindak kang ora adil.

13 Lah rak saka karsane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah, anggone para bangsa padha ora ngetung sayah ngupaya geni, sarta para suku bangsa anggone banget-banget padha nggayuh kang tanpa guna?

14 Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.

15 Bilai wong kang menehi ngombe marang pepadhane kalawan nepsu, marang digawe mendem, supaya weruh kawirangane.

16 Sira wus maregi awakira kalawan kanisthan minangka ijole kaurmatan. Mulane sira iya ngombea uga, lan lumakua kalawan gloyoran. Tuwung kang ana ing astane Sang Yehuwah kang tengen bakal marani sira, sarta kaluhuranira bakal kasasaban ing kanisthan.

17 Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.

18 Apa gunane reca ukir-ukiran, apa iku ora diukir dening tukange? Apa paedahe reca cor-coran, guruning dora-cara iku, manawa iku diandelake dening kang gawe, mangka brahala-brahala kang digawe iku nyatane bisu?

19 Bilai wong kang ngucap marang kayu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!”, lan marang watu kang bisu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!” Apa iku bisa mulang? Pancen recane kang blongsong ing mas lan salaka, nanging ing jerone ora ana rohe babar pisan.

20 Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!

Bab

1 2 3