1 Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara, aku arep niliki lan ngadhang-adhang marang apa kang bakal dadi pamangsite marang aku, lan kapriye paring wangsulane tumrap pasambatku.
2 Ing kono Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang aku mangkene: “Wahyu iku sira tulisana, kacathetana kang cetha ana ing papan-papan, supaya kenaa diwaca dening wong kang liwat.
3 Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.
4 Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.
5 Wong kang gumunggung lan umuk, iku mesthi ora bisa lestari; iku ngangapake cangkeme kaya jagading wong mati, lan ora bisa wareg-wareg kaya si pati, nganti sakehe suku bangsa padha diklumpukake lan sakehe bangsa padha digiring menyang ing ngarepe.”
6 Kabeh mau rak bakal padha ngucapake bebasan ing ngatase dheweke, sarta lagu pangerang-erang tuwin padha nyemoni mangkene: Bilai wong kang ngrayud kang dudu duweke, -- nganti pira lawase iku? -- lan kang ngemoti barang gadhen pirang-pirang marang awake dhewe?