14 Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.
15 Bilai wong kang menehi ngombe marang pepadhane kalawan nepsu, marang digawe mendem, supaya weruh kawirangane.
16 Sira wus maregi awakira kalawan kanisthan minangka ijole kaurmatan. Mulane sira iya ngombea uga, lan lumakua kalawan gloyoran. Tuwung kang ana ing astane Sang Yehuwah kang tengen bakal marani sira, sarta kaluhuranira bakal kasasaban ing kanisthan.
17 Marga panganiaya kang tumrap gunung Libanon, iku bakal nasabi sira, lan tumpesing kewan-kewan bakal ngagetake sira, marga saka getihing manungsa kang wutah iku lan marga panganiaya marang nagara, kutha lan para wong isine kabeh.
18 Apa gunane reca ukir-ukiran, apa iku ora diukir dening tukange? Apa paedahe reca cor-coran, guruning dora-cara iku, manawa iku diandelake dening kang gawe, mangka brahala-brahala kang digawe iku nyatane bisu?
19 Bilai wong kang ngucap marang kayu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!”, lan marang watu kang bisu: “Panjenengan mugi karsaa wungu!” Apa iku bisa mulang? Pancen recane kang blongsong ing mas lan salaka, nanging ing jerone ora ana rohe babar pisan.
20 Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!