5 Pageblug lumaku ana ing ngarsane,sarta lelara panas ndherekake tindake.
6 Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing,paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget,gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk,tengger-tengger kang wus maabab-abad anane padha mendhak;kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.
7 Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan,tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.
8 Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen,punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika?Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika,dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?
9 Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang,sampun Paduka pasangi jemparing (sela).Bumi Paduka belah dados lepen-lepen;
10 redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter,bena langkung kalayan swanten gumrojog,samodra nyuwanten,saha njunjung tanganipun.
11 Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun,margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas,sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.