2 Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.”
3 Nabi Hosea banjur tindak ngalap garwa Gomer anake Diblaim; wong wadon mau tumuli ngandheg lan banjur duwe anak lanang karo Nabi Hosea.
4 Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel.
5 Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.”
6 Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura.
7 Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”
8 Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang.