Hosea 8 JAV

Rusake Israel iku wohing durakane

8:1-14

1 Ngunekna kalasangka!Ana kang nempuh padalemane Pangeran Yehuwah kaya manuk garudha;mulane mangkono awit wong-wong iku wus padha mbubrah prajanjianingSun,lan mbangkang marang angger-anggeringSun.

2 Padha sesambat marang Ingsun:“Dhuh Allah kawula, kawula, bangsa Israel tepang kaliyan Paduka!”

3 Israel wus mbuwang kang becik,mulane kareben kaburu dening mungsuh!

4 Wus padha ngadegake ratu,nanging ora kanthi sarujukingSun.Padha ngadegake panggedhe,nanging ora kanthi kauningakake marang Ingsun.Emas lan salakane dianggo gawebrahala-brahala kanggo awake dhewe,mulane padha kasirnakake.

5 He Samaria, pedhetira Suntampik,bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku!Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake

6 wong-wong Israel iku?Iku tukang kang gawe,sarta iku dudu Allah!Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.

7 Sarehne padha nyebar angin,mulane bakal ngeneni prahara;gandume ora biwa tuwa,ora metu glepunge;dene yen ana kang bisa metu,iku mesthi dientekake dening bangsa liya.

8 Israel wus diuntal;saiki padha ana ing antarane bangsa-bangsakayadene barang tampikan.

9 Wus padha lunga menyang Asyurprasasat kuldi alas kang ndhewe.Efraim wus ngedum-edum opahing bebdhangan.

10 Sanadyan padha ngedum-edum opah iku ana ing antarane bangsa-bangsa,ewasamono saiki Ingsun bakal nglumpukake wong-wong iku,temah sadhela engkas bakal padha lerenanggone njebadi raja lan para panggedhe.

11 Lah Efraim wus ngakehake misbyah,misbyah-misbyah iku njalari banjur padha nindakake dosa.

12 Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang,nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca.

13 Padha seneng saos kurban sembelehan,padha saos daging lan padha mangan iku;nanging iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.Saiki panerake bakal diengeti,lan dosane bakal kaukum.Wong-wong mau kudu padha bali menyang Mesir!

14 Israel wus nglalekake Kang nitahake,lan wus ngadegake kraton-kraton;Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa,nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane,kang mangsa kadhaton nganti ludhes.

Bab

1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14