1 Samaria kudu tampa paukuman,marga mbalela marang Allahe.Bakal padha tiwas dening pedhang,bayi-bayine bakal padha karemuk,wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.
2 He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.
3 Padha ngaturna kaduwungmu,sarta mratobata marang Sang Yehuwah,munjuka marang Panjenengane:“Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan,ingkang sae mugi lajeng kaparingna,nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
4 Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;kawula boten badhe numpak kapal,saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!dhateng dedamelaning tangan kawula,margi Paduka ngasihi lare lola.”
5 Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade,lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih,marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.
6 Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel,dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung,lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.
7 Pang-pange padha sumrambah,sarta endahe kaya wit jaitun,lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.
8 Wong-wong mau bakal padha balilan manggon ing pangayomaningSun,lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum;sarta bakal padha kembang kaya wit anggur,kang misuwur kaya anggur ing Libanon.
9 Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun?Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira!Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo,saka Ingsun anggonira oleh woh.
10 Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh;sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku;marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng,lan diambah dening para wong mursid,nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.