1 Israel iku wit anggur kang becik thukule,kang metokake woh,saya akeh pametune,saya akeh anggone gawe misbyahsarta saya becik lemahe,saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.
2 Atine lamis,saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane,Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe,lan mbubrah tugu-tugune brahala.
3 Lah saiki padha ngucap:“Kita padha ora duwe ratu,marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah,mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”
4 Padha umuk-umukan,padha nglairake sumpah palsu,padha gawe prajanjian,temahan paukuman thukul kaya wit upasana ing singkalan-singkalaning pategalan.
5 Para wong saisine Samaria padha gumeter,ing ngatase pedhete Bet-Awen.Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku,sarta para imame padha sesambat,marga wus koncatan kamulyane.
6 Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur,minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”.Efraim bakal kawirangan,sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane.
7 Samaria bakal katumpes,ratune kaya pang kang kumambang ing banyu.