3 Lah saiki padha ngucap:“Kita padha ora duwe ratu,marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah,mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”
4 Padha umuk-umukan,padha nglairake sumpah palsu,padha gawe prajanjian,temahan paukuman thukul kaya wit upasana ing singkalan-singkalaning pategalan.
5 Para wong saisine Samaria padha gumeter,ing ngatase pedhete Bet-Awen.Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku,sarta para imame padha sesambat,marga wus koncatan kamulyane.
6 Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur,minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”.Efraim bakal kawirangan,sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane.
7 Samaria bakal katumpes,ratune kaya pang kang kumambang ing banyu.
8 Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel,bakal padha kasirnakake.Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulaneri lan rerungkudan.Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung:“Aku padha sasabana!”,lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana!”
9 He Israel, wiwit jamane Gibea sira wus gawe dosa;ana ing kana padha gumregah nglawan.Ana ing Gibea apa ora bakal ketututan ing perangkang nglawan marang para wong culika?